Minggu, 14 Desember 2014

Kangjoho

GASIR


Wengi kie tek rasa mandan beda karowengi liyane
Ketone mandan sepi
Sing biasane rame bocah cak-cakan apa jonjangan
Wis pada ngliyep apa anu pada keselen
Dadine milih ndekem nang peturon

Lampu petromak sing kurang pompan wis semu kuning
Nandani kudu dipompa
Cemanthel nang ganggong umah ngarep

Walang-walang kayonge wis kesel ngerik
Kampret sing biasane moni pating cruit siki amleng
Ndean agi saba nggolet woh-wohan mateng
Manuk buek mung moni pisan pindo

Sekang kadohan keprungu swara kenthongan
Dithuthuk ping sewelas
Ya layak..... jebule wis tengah wengi
Wong wing mesti bae milih kelon nang senthong

Umah lor ketone senthire wis sirep
Peteng
Mestine ya mboke karo bapake wis pada turu
Wong mau awan pada keselen manen cengkeh
Ndilalaeh panen siki nibani mangsa ketiga
Dadine dipeme telung dina bae cengkeh wis garing

Cengkeh siki mandan pengaji
Sekilo bae bisa ulih jarit sapenapih
Sarung sapengubed
Cengkeh sing garing wis diwadahi kandi
Rekane ngesuk dina pasaran arep didol

Biasane angger pada kesel pancene goleh turu lali
*********
Angger pada ngewasena
Wengi kuwe swara cicir nggancer-nggancer
Wis lumrah kaprah
Jere ana maling sing agi klinteran
***********
Antarane jam telu esuk
Bapake gotak
“mbok cengeh sing nang kandi sih nangendi yah?”
Se lah lha lawange deneng mbukak?
Lha kae sih padon wetan .....
Clakep
*************

Umah lor tembe digasir maling
Dadi maling mau goleh mlebu
Ngedhuk lemah liwat ngisor tabag
Nggasir
Kaya lakune gasir
Yakuwe jangkrik gedhe
Gawe bolongan seawak ming perlu nggo liwat
Cengkeh sekandi digondol maling


Semarang. 3-5-2012
reload 14/12/14
Kyai Suwung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar